Senin, 31 Agustus 2015

Jaman Edan dan Kelabilan

Sakjane ojo nyalahke jaman , salahno awakmu dewe. Koe kabeh ki mung putro seko wong tuo loro mu sek dikarepke dadi wong apik. Isih njaluk sangu we kemlinti. Koe kabeh biji apik , absen full , lulus ujian kui wes suatu kebanggaan dewe. Rasah aneh aneh, sinauo sek duwur sak duwur duwure. Ra ono mandeke nggolek ngelmu sak durunge mati. Lah nek wes dadi wong pinter njuk ojo lali karo budi pekertimu. Akeh wong pinter lan cerdas ananging ra nduwe akhlak. Kui penting. Biasane nek ngelmune duwur lan nduweni akhlak iso dipercoyo marang kabeh sedulur sak jagat. Yen uwes dadi wong mulyo lan diajeni ojo lali ngayomi marang pepadan. Ojo dumeh!. Kui kabeh mau ra ucul seko hablumminallah yaiku eling gusti lan nglakoni kewajibane saha ngadohi larangane .Kang maha suci kang menehi kabeh nikmat seko lahir tekan mati. Dibarengi hablumminannas dene bisa urip tentrem marang manungso sepadan tanpo ono batesan. Ojo isin dadi wong apik, nanging isino yen koe dadi wong ra becik.
Eling gusti eling mati. Koe wes diwenehi nikmat sehat lan sempat kui disyukuri. Menawi lepat nyuwun ngapunten . wassalam ..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar